Atur
Pambagyharja
Dinten Kamardikan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen,
para sesepuh, para pinisepuh, lan para mudha-mudhi ingkang karobaning raos
bagya.
Para
rawuh sedaya, sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan
makempal wonten ing wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal manapa.
Kula
minangka Pak Dukuh pahargyan
dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 68 Tanggal 17 Agustus tahun
2013 keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenengan sedaya.
Ingkang
sapisan, raos syukur ing dalem ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia
sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged
nindakaken pahargyan penegetan Kamardikan kita ingkang kaping 68 tanggal 17
Agustus tahun 2013.
Salajengipun
kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun Sambi ing mriki, awit
panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan,
dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara tirakatan
pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.
Boten kesupen atur panuwun tumuju
dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing kampung Sambi mriki, ingkang
sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya sesarengan
saengga saged mujudaken acara tirakatan
dinten Kamardikan menika.
Para rawuh sedaya ingkang
kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal 17 Agustus
1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan Bangsa
Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning
bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh
bilih kita pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti. Kita sedaya ngawontenaken tirakatan menika
saged ugi kalebet rerengkening acara 17 Agustus.
Sumangga para tamu sedaya, kita priksani acara tirakataning dalu. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang pungkasan, kula minangka Pak Dukuh menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader kali sesonderan. Nuwun
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar
Posting Komentar